Materi Pranatacara Bahasa Jawa Fase F
MATERI BAHASA JAWA PRANATACARA Mangerteni Bab Pranatacara Bahasa Jawa Werdine Pranatacara Pranatacara uga diarani master of ceremony (MC), pembawa acara, pambiwara, pranata adicara, pranata titi laksana, panata adicara, paniti laksana utawa pranata laksitaning adicara, utawa panatacara. Pranatacara yaiku paraga kang duwe jejibahan nata lan nglantarake acara utawa adicara. Mligi ana ing upacara lelayu utawa kesripahan tetembungan adicara utawa acara diarani adilaya. Pranatacara banget wigati ana ing sawijining acara, awit regeng, nges lan orane sawijining adicara iku saperangan gedhe dadi tanggung jawabe pranatacara. Bedane Pranatacara lan Pamedhar Sabda Pranatacara kuwi paraga (wong) sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining adicara adat temanten, kesripahan, resmi/formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) sapanunggale. Kaya dene ing adicara adat temanten Jawa, pranatacara nglantarake titilaksana (lakune) adicara ijab, pawiwa...
