Materi Pranatacara Bahasa Jawa Fase F

MATERI BAHASA JAWA

PRANATACARA


Mangerteni Bab Pranatacara Bahasa Jawa

Werdine Pranatacara
Pranatacara uga diarani master of ceremony (MC), pembawa acara, pambiwara, pranata adicara, pranata titi laksana, panata adicara, paniti laksana utawa pranata laksitaning adicara, utawa panatacara. Pranatacara yaiku paraga kang duwe jejibahan nata lan nglantarake acara utawa adicara.
Mligi ana ing upacara lelayu utawa kesripahan tetembungan adicara utawa acara diarani adilaya. Pranatacara banget wigati ana ing sawijining acara, awit regeng, nges lan orane sawijining adicara iku saperangan gedhe dadi tanggung jawabe pranatacara.

Bedane Pranatacara lan Pamedhar Sabda
Pranatacara kuwi paraga (wong) sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining adicara adat temanten, kesripahan, resmi/formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) sapanunggale. Kaya dene ing adicara adat temanten Jawa, pranatacara nglantarake titilaksana (lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan.

Sanadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (ijab kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi) temanten. Dene ing acara kesripahan (kematian) juru panitilaksana (pranatacara) nglantarake acara mbudhalake saka omah menyang pasarean (kuburan).

Wondene sing diarani pamedhar sabda yaiku paraga sing kajibah (mengemban tugas) mbabar sawijining perkara. Jejibahan iku kaya dene ngaturake pamedhar sabda mundhi dhawuhe sing duwe gawe, pasrah temanten utawa nampa pasrahe temanten, khutbah walimah (wasitatama).

Yen ing omahe wong kesripahan, pamedhar sabda duwe jejibahan ngaturake panuwun marang wong sing nglayat (takziyah) sing wis melu bela sungkawa. Dene patemon ilmiah (pertemuan ilmiah) jejibahane pamedhar sabda kayata, ceramah, sesuluh dines (penyuluhan dinas), konferensi, seminar, sarasehan, kuliyah umuh, wisudha, lan liyane.

Perangan Teks Pranatacara
Minangka ancer-ancer yen gawe ngrengrengan teks pranatacara, para siswa kudu ngerti pokok-pokok teks pranatacara mau. Dene pokok teks pranatacara yaiku :
Pambuka
Salam Pambuka : Salam pambuka kanthi tembung, “Assalamualaikum Warahmatullah Wabarokatuh”, utawa tembung “nuwun kawula nuwun”.
Puji Syukur : Puji syukur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam konjuk marang kanjeng Nabi.
Sapa Aruh ( Sapaan ) : Sapa aruh utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu undangan. Anggone sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.
Surasa/Ancasing Gati
Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang dileksanakake ing wektu iku paraga pranatacara kudu ngerti kanthi gamblang ngenani adicara apa sing dianggit dening pranatacara kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane lan cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan ( masyarakat ) kono.
Panutup
Ing perangan panutup iki pranatacara ngatur marang para rawuh mungguh acara kang di rantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahargyan kanthi kepenak.
Njaluk pangapura anggone mranatacara yen ana luput lan klerune
Salam penutup

Komentar

Postingan Populer